Hot Posts

6/recent/ticker-posts

Tradisi Kirim Doa Bapak Marsudi RT 010 Tunjungan Sebelum Pelaksanaan Hajatan Mantu

Catur Media - Tradisi Kirim Doa pada saat melaksanakan hajatan mantu, merupakan salah satu tradisi yang masih terjaga kelestariannya di Kalurahan Caturharjo, sebagaimana yang dilakukan oleh Keluarga Bapak Marsudi RT 010 Tunjungan yang mengadakan genduri kirim doa kepada para luluhur pada Jum'at Pahing (23/08/2024).

Tradisi Kirim Doa Bapak Marsudi RT 010 Tunjungan Sebelum Pelaksanaan Hajatan Mantu



Adapun uraian pemaknaan genduri wilujengan kirim doa ini disampaikan oleh Bapak Sukijo Dukuh Tunjungan sebagai berikut :

Perkawis tradisi meniko sak saged saged amung dipun pendhet piwutjal ingkeng sae kemawon, kados to ;

* Insya Alloh tradisi waged dados sarono kagem ngguyub ngrukun'aken warga masyarakat.

* Tradisi minongko ngrabuk soho ngiataken jiwa sosial ingkeng sak kelangkung kiat lan tanggap sasmito mring sesomo. Gesang bebrayan sak madyaning masyarakat onten tembung gendhuren yo mangkat nggedhurenke yo gelem , insya Alloh masyarakat guyub rukun., ampun nganti diwalik gendhuren yo mangkat nggedhurenke odjo nganti

Lha meniko tjonto (tamsil) tradisi ing aditjoro kentun dongo Bpk Marsudi RT 10 Tundjungan anggenipun badhe mikrama'aken keng putro putri nak Dian Purwaningsih. Sak derengipun akad nikah meniko ugi kentun dongo.,uwal saking perkawis bidengah monggo dipun dunungaken kemawon pinongko sasmito . (hora kudu dilakoni nek wis tjengkah ing batin) . Sing penting ngumumi, diundang gendhuren mangkat , mulih nggowo berkat /berkah.

Kauniyah srono:

* Pisang : (pisanan gesang) . Jalmo kang sepisan gesang ing djono loko Kandjeng Nabi Adam & Siti Hawa. Bandjaraning djalmo seporo poro kawitan seko Nabi Adam & Siti Hawa ngantos dumugi kito sak meniko. Mulo ono sing ngarani pisang kanggo ngabekteni Kandjeng Nabi Adam babu Hawa. (Kiyi sanad dloif) sikapi sing pekoleh, odjo disengiti opo meneh djak perang aqidah, hora gathuk blassss.

* Kinang (ganten)  : mugi alm/almh tansah dipun ganti perkawis ingkeng tinalangkung sae wonten ngalam kelanggengan ketimbang wonten ing ndjono loko. (sasmito)

* Kinang (paham djawi kuno ). : suruh lumah lan kurep'e bedo rupo, lamun ginigid podho rasane.,teges'e : urip ing ndjono loko karo ono ing ngalam kelanggengan den pertjoyo podho mung bedo ngalam'e , djer djalmo tat kolo urip neng ndjono loko datan tumindak olo mring sesomo, dhemen tetulung adoh soko laku tjidro. ( Teges kang ora gathuk ro agomo)

* Kembang setaman : (kenongo & kanthil) , kembang sing ditjemplungke banyu ing gelas ) > ( sasmito) , keno ngono keno ngene ning ati tetep kudu kumathil mring Pengeran Alloh SWT, datan nyekuthok'ake.

* Paham djowo kuno : mbang kenongo gandane wangi , mbang kanthil warno putih awarno seto, gondo wangi kanggo nglantarke sowan'e jalmo kang wus tumeko kamukswane tinimbalan myang Gusti kang moho Kawoso, mulo nganggo mbang kanthil kang putih nggambarke mayit. ( tjoro paham agomo blass ra gathuk )

* Ambengan (sego, lawuh sak pirantine)., teges'e : djalmo kang tumitah ing ndjono loko mesti den kantheni pambengan (napsu 4 ) :

* Ngalu amah, teges'e kudu biso ngendhaleni weteng , sbb mangan kanggo urip odjo urip kanggo mangan, wekasan tuwuh watak serakah, kolon, ngongso, pokil/tjethil lly.

* amarah : djalmo kang tumitah ing ndjono loko kudu biso meper seko sipat nesu, menang2e dhewe, bener2e dhewe , lly

* sufiyah : biso ngendhaleni syahwat kang dumunung mring saben titah djalmo.

* muthmainnah : sak biso biso kudu digayuh kanggo pungkasne gesang kang nggayuh kasuwargan langgeng. (sasmito)

* djowo kuno : kanggo ndherek medjemuk umum murih Pengeran datan nuwuhke pageblug ( agomo blasss ra gathuk)

Pandjang ilang , teges'e : wong bebrayan ing ndjono loko temtu bakal tjinatur olo lan betjik, parandene pinudju tjinatur olo, temtu dowo potjap'ane , keporo gong muni sesel'e, sing betjik dikondho olo, mulo odjo mbok tanggapi banget banget , sbb potjapan kang dowo/ pandjang wis lumrah tumrap sing ora seneng, mulo neng'no wae, senadjan dowo, bakal ilang ( sasmito)

* djowo kuno : kanggo ngampingi kyai tarub nyai tarub murih wiludjeng nggennyo duwe mantu ( agomo blasss ra gathuk) 


Post a Comment

0 Comments