Catur Media - Caturharjo Senin Pon (30/6/2025) bertempat di Padukuhan Tunjungan Kalurahan Caturharjo Kapanewon Pandak Kabupaten Bantul telah dilaksanakan adat tradisi Tirakatan Pengetan Malam 1 Sura / Muharram 1447 H pada Kamis Wage (26/6).
Malem mangayubagyo tanggap warso 1447 H / 1 Suro 1959 (Thn Dal) warga Pedukuhan Tundjungan. Mungguh sasmito kauniyah :
1. Pisang : kentun dongo dhumateng Kandjeng Adam /Ibu Hawa pinongko lantaraning bandjaran jalmo keng tumitah ing alam prodjo. Ugi kirim dongo maring kang tjithak bakal ing wewengkon......(Sebut Dusun/Pedukuhan) , mandhap kagem mratelaaken bekti asung dongo kagem pepundhen lan leluwur kang dadi lantaraning tumuwuh.
2. Bab kapindho Sekar Gondo arum, pamudji sedoyo leluwur nggenyo sebo ing ngayunan Dalem Pengeran wekasan arum gandae kadyo Siti Khodijah, Siti Salamah, Siti Aminah lan Siti Hafsah.
Bab katelu , ganten/kinang , leluwur pepundhen nggenyo sowan mugi tansah kaliru perkoro keng sae ketimbang sugengipun.
Bab kapat : ambengan, parandene dadi kwadjiban lan tanggung jawabpe putra wayah kang kepambeng asung dongo maring pepundhen lan leluwur kang wis karupti mugo uwal soko nepsu amarah, sufiyah , aluamah lan sebo kanthi muthmainah wekasan pikantuk swargo langgeng .
Bab kapat, Djenang djanangan : Djedjere ingkang hawenang paring wahyuning kasutapan tan sanes amung Gusti ingkang Moho Kawoso kang wus kepareng nggelar djagad raya . Wekasan djenang :
#. Palang : mugi Pengeran tansah malangi soko godho rentjono, reridhu wekasan kawiludjengan kang tansah tinemu.
#. Abang : dadyo pemut wutah'e ludiro kang sepisan miose ponang bayi dadyo sipat kang wani marang bebener.
#. Pethak/Putih : tumitahe jalmo ing ngalam padhang wudjuh ponang bayi dadyo sasmito pabukaning redjeki kang sak juru juru.
#. Baro baro : peling , sangkan paraning dumadi kedadean seko obahing nopo biyung wekasan wis dadi tanggung jawab lan kwadjiban yogo kudu bekti mring wong tuwo nopo biyung.
5. Bab kalimo : Tumpeng, sasmito kadyo hargo kang kukuh pinongko nyonggo bumi perdikan......(sebut Dusun....) ugi bumi Padjang Metaram kang dadi tjikal bakal adat lan tradisi.
6. Bab kanem : udjukan tirto pengaop aop sasmito pinongko hamidjik'i sukerto kang tjumondhok ing kalbu ugo jasad mbok bilih kadunungan tuni lepat mugo tansah pinaringan pangapuro saking Gusti ingkang Moho Kawoso.
7. Bab kapitu : Apem , ketan, kolak/sale : kalepatan kang dumunung maring alm/almh tansah pinaringan pangapuro kanthi lantaran waosan dongo kalimatullah.
8. Bab kawolu : golong sasmito ing pandulu tansah eling maring Kandjeng Nabi Qidir kang kaparingan ngamanah saking Gusti ingkang Moho Kawoso ngrekso sumbering gesang yoiku, banyu, angin lan geni.
9. Bab Kasongo ; ubo rampe samirono , soto/mbako, yuyu samudra, kelor pinongko kanggo peling wulu wetune bumi ing banyu, pasiten ugo angkoso sagedto manpangat ing gesangipun titah djalmo.
10. Bab Kasepuluh : djadjan pasar /among among tansah eling marang midji dino pitu pekenan gansal, surut lan pupute yuswo djalmo mung nunggu atrine dino lan pasaran.
![]() |
Tirakatan Pengetan Malam 1 Sura / Muharram 1447 H di Padukuhan Tunjungan |
![]() |
Tirakatan Pengetan Malam 1 Sura / Muharram 1447 H di Padukuhan Tunjungan |
![]() |
Tirakatan Pengetan Malam 1 Sura / Muharram 1447 H di Padukuhan Tunjungan |
Sukijo Dukuh Tunjungan bersama warga masyarakat Tunjungan mengikuti rangkaian kegiatan ini hingga selesai.
0 Komentar