Hot Posts

6/recent/ticker-posts

Tradisi Gendhuren Ngebani / Mitoni / Tingkeban Dusun Tunjungan Caturharjo Pandak

Catur Media - wonten ing bregandangan adat tradisi mitoni/ngebani/ tingkeban Danang Dwi Lian Susanto lan gendhok Ika Rusma Sari  . Mengkang RT 01 Tundjungan. Tradisi gendhuren ngebani / mitoni / tingkeban : 

Genduri Mitoni

Bandjarane Srono wiludjengan kaperang dadi 3 maring pandulu ( keyakinan ) 

* Miturut piyayi djowo medhok. 

1.Pisang (kaperang dadi 2 werno. 

a. Pisang rodjo (1) : kanggo ngabekteni Kandjeng Nabi Adam babu Hawa kang dadi nenek moyang bandjaraning anak putu Adam babu Hawa kang wus tumitah ing alam padhang kang wus mapan sadjuru djuru.


b. Pisang rodjo ( 2 ) : kanggo lantaran kentun dongo mring penpundhen/leluwur kang dadi anak putu Adam ugo dadi lantaraning tumuwuh djalmo titah ing alam madyo podo ngantyo delahan., tinalangkung ponang bayi titah kang bakal tumitah ing madyo podo djangkep 7 wulan kalenggahan talak broto ing guwo garbo.


c. Kinang ( suruh, mbako kedu, indjed lan gambir) tinumpang ing nginggil pisang 1. Werdine : kinang ugi sinebut ganten , pameling , mugo leluwur/penpundhen kang kakentun dongo antuk ganti perkoro kang luwih utomo ono ing ngalam kelanggengan katimbang duk kalane sugeng ing ndjonoloko.


d. Kembang telon ( sekar gondo arum) tinumpang ing nginggil pisang 2). Werdine tjalon ponang djabang bayi tatkolo linairke brol ing ngalam padhang (ponang bayi lanang/wadon) biso'o arum gondone sasmito wekasan koyo garwane Kandjeng Nabi Muhammad kang asmane arum koyo gandane kembang telon ( mlathi, nongo lan kanthil) Siti Khodijah, Siti Aisyah Ummu Salamah, Siti Hafsah wekasan delahan biso nggowo asma kang arum tumrap keluarga sak kabehane.

Ngisor pisang kauniyah :

1.Djenang abang 

2.Djenang pethak

3.Djenang palang

4.Djenang baro baro 

5.Rudjak ( pengaop aop)

6.Tirto pethak surtiti kembang telon ugo ron dhadhap serep.

7.Undjukan tirto wening 

8.Undjukan tirto mblabah.

9.Undjukan tirto punar

10.Dahono mulat

11.Ambengan

12.Tumpeng Sapto Nugroho 

13.Tumpeng songgobono

14.Tumpeng klitren 

15.Tigan pitik iwen gungung 5

16.Kupat luar 

17.Sekul sutji sak pirantisipun ( sego wuduk, Ingkung lan lalapan)

18.Rangken 

19.Mong mong 

20.Mestari (kantjing dongo)

21.Brekat


* Kuwi nembe makno piyayi djowo medhok dugi kinang lan mbang telon. 

* Bar makno piyayi djowo medhok, sakbandjure sesok djowo medhok kang sampun ketjok'an agomo Islam tatkolo den tindak'e poro wali naliko nyebar agomo Islam ing wewengkon tanah Djowo.

* Katelu, islam kang sayektine ( opo po ora , opo po ora/mentereng'e bidengah / *bid'ah) 


Kaum Rois Bekel Tumenggung Kem Sukamto (abdi dalem Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat)


Piyayi djowo pantjen kudu wasis nggone momong patrap (watak wantu) sidji lan sidjine. Mulo kawuri ono tembung : wong djowo  ki kaperang 3 Aran ; Djowo deles, djowo samar  lan djowo sutji

* Djowo deles : lamun duwe gawe (kadjat) mothake srono kang pepak tur miranti yen ora  den ikrake utowo tan sebutke maknane sing tharik tharik, pangrasane gelo.

* Djowo samar : mrangguhi srono kang pepak tur miranti bisane amung nyerung ing roso murih datan ngutjiwak'e kang isih dhemen mothake srono tradisi, tjarane maknani mung dianggep sasmito, gegambaran, pralambang tembung mentereng'e pralampito (kiyi biasane watak wantune pamong 😆😆😆 ) sebab kudu iso momong sebab warga ki obar abir., tan natoni biso ditompo sopo wae , agomo ora patek gumoh.

* Djowo sutji : opo opo ndhasarke kanthi kasunyatan dalil lan ndalil setjoro syar'i, blas ra doyan tradisi sing koyo mengkonok kuwi.,gumoh, utowo tembunge mlukok mlukok hora doyan. Nganti sok ono  sing tjelathu : "elek'e menungso iku mbenerke salahe dhewe, nyalahke benere wong liyo " 

Tradisi Genduren Mitoni Padukuhan Tunjungan


Post a Comment

0 Comments